Sugeng Ambal Warsa Bapak Camat Slahung
- Oct 18, 2025
- by Maretha W.S
Pamaréntahan Desa Slahung ngaturaken sugeng ambal warsa dhumateng
Bapak Camat Slahung, Bapak Nur Huda Rifai, S.STP., M.Si.,
ingkang nindakaken dinten ambal warsa ing tanggal 14 Oktober 2025.
Mugi tansah kaparingi wilujeng, sehat, panjang yuswa, saha tansah pinaringan berkah lan kabegjan.
Mugi Gusti tansah maringi pituduh, kawicaksanan, saha kamulyan ing saben tindak-tanduk panjenengan nglantaraken pamaréntahan lan ngladosi masyarakat.
Pamaréntahan Desa Slahung bebarengan nyawisaken pangajeng-ajeng lan donga wilujeng, mugi Bapak Camat tansah rahayu, pinaringan kamulyan, sarta tansah dados pepadhang tumrap masyarakat Slahung.
Sugeng ambal warsa, Bapak Camat. Mugi tansah rahayu lan pinaringan kabagyan tanpa upami.